Saturday, August 27, 2016
Berlangganan

Terjebak di Dalam Bioskop

Jam 8 isuk ning kantor bioskop, kriiiiing..... telpon nang meja bioskop XXl muni...!

Mukidi : "Halloow mas.... aku arep takon bioskop bukak jam pira....?“

Penjaga : "Jam siji mas"

Mukidi : "Bisa buka jam sanga ora mas ??"

Penjaga : "Ora bisa...... biasa jam siji bukake"

Jam 11 telpon muni maneh ...

Mukidi : "Halloow ... Jam pira bukake bioskop ??"

Penjaga : "Sampeyan sing nelpon mau ya mas ?? Lak wis dikandani.. bukake jam 1”

Mukidi : "Jam rolas ora bisa ta mas ??"

Penjaga : "Ora bisa !!!!.... bioskope mbahmu pa !! “

Mukidi : “Ngenyang sitik wae mas... gak apa2 wis setengah siji wae ya .. ??"

Penjaga : (dongkol atine )...."Sakjane sampeyan arep nonton pilem apa toh.....kok telpon terus terusan.. ??"

Mukidi : (karo nangis ) “Aku iki kekuncen nang njero bioskop mas..... mau bengi pas nonton pilem keturon.... tulungana ta mas..... bukakke lawange.... aku pingin mulih..”